Header 728 x 90 (2)

Minggu, 15 Mei 2016

Guyonan ben ora stress

Alkisah...
Sawijining dina...
Suheru ngobrol karo bojone neng teras omah..

Bojo: "Mas, aku pengin latihan renang, oleh ta ?!!"

Suheru: "Arep nggo apa?! Wis tuwa ndadak pethakilan pengin renang barang.."

Bojo : "Ben langsing to Mas, kaya jaman isih prawan ndhisik..☺!"

Suheru : "Haalaah, iwak paus kae sing saben dina renang  ya tetep gendut...!!".

Bojo: "Huhhhhh..!!"😁😁😁
😝😝😜

Telung minggu sak uwise...
Suheru : " Jeng, wiwit saiki aku arep mangan buah2an sing akeh.
             Sesuk tukokna neng pasar ya...!!"

Bojo : "Tumben doyan buah2an, arep nggo apa to mas..?"

Suheru : "Ben sehat to jeng, seger lan ganteng koyo jaman nom2an dhisik.  Kan kowe yo melu bangga...!"

Bojo : "Alaah Mas, munyuk kae saben dina  mangan buah2an, rupane yo tetep elek...😏

😄😀😀
Suheru atine gela di munyuk munyukne....
Sawijine dina Minggu Suheru ngeterke bojone blanja.

Suheru: "Jeng blanja kok sayur thok... Lha daginge endi"
Bojo : " Aku arep diet rendah kalori mas, akeh porsi sayure..ben langsing☺"
suheru : " Jare sapa ta jeng...., sayur marakke kuru...???
Sapi karo kebo kae saben dina mung dipakani suket ijo...., malah lemu ginuk ginuk."😡😡😡

Tidak ada komentar:

Posting Komentar